Kamis, 24 November 2011

NGELMU MIJIL KASAMPURNAN

 MIJIL/BABARAN KASEPUHAN
Thursday, November 24, 2011
9:01 PM
Mijil/babaran…yoiku kalebu salah sijining laku kawruh kasepuhan,kang migunani kanggo nemoni ''sedulur sejati'',ugo  kang asring kasebut ''kadang pribadi'' utowo''sedulur papat''.Mijil/babaran iki,bisane kajangka kanti kliwati pirang laku,salah sijine kudu uwis biso ngetrapke /mangerteni apa kang kasebut ngelmu kanoman(ngelmu lair).Di arani ngelmu lair sak jane amung kanggo gampangke basa,amarga ngelmu iki sakjane amung nyedakke/ngenali sejatining manungso kanti ngolah rogo,semono ugo babakan nemoni ''Kadang pribadi'',amung diroso liwat obahing rogo.Koyoto misale yen pengin isoh silat/niru laku kang kiro2 ora isoh dilakoni,kita isoh ngundang ''kadang pribadi''  supayane kang mokal mau biso dadi kaleksanan.Lan iseh akeh maneh conto ngenani pigunane ngelmu ''Kanoman'',Mergo saking akehe aliran/paguyuban,dadine akeh ugo kang maknani  arti lan pigunane kanti bedo,nanging yen diroso sakjaneo yo pada wae.
        Balik marang babakan Mijil,kaya kang wis kasebut nang duwur Mijil/Babaran iki,sak jane intine amung kanggo nemoni ''Kadang pribadi'',nanging kang bedakke karo ngelmu ''Kanoman'',yen Mijil iki ktemune karo ''Kadang pribadi''kanti roso pangroso/biso kadeleng kanti landeping bathin.Ing mengkone yen klakon ktemu/nemoni ''Kadang pribadine dewe''ora ono kang isoh dicritakke/di omongke kahanan ugo rasane,amarga angele lati kanggo ngambarkene.
 ''Donga Kanggo Mijil''…donga iki sengaja kawedar,lair batin tanpa rasa pgin ngunduh pangalembono/rasa ngagul-ngagulake awak.Nanging  lair bathin amung pengin andum kawruh,kanti  pajangka pengin ngestokeke dawuhe rama,supaya seneng andum kawruh marang bangsane(sedulur,sanak kadang ,lsp)amarga yen andum kawruh dilambari kanti tulusing ati,bisa dadi dalan kanggo tambahing kawruhe dewe,ugo tambahing roso paseduluran.
   Donga mijil iki dadi salah sijine donga kang sineker,amarga sak jane ora saben uwong kaweruhan/di paringi ngerti,di golek ono nang kitab primbon/nang  ''mbah google'' tak kiro yo durung ono!nanging sengaja kita bukak/babar amarga diwocoa/dirosoa bolak-balik,yen ati ora kalambaran ngelmu roso,yo amung dadi wacanan biasa.
     TATA CARA SAK DURUNGE LAKU MIJIL
-poso mutih 3dini/3 bengi,sak jeroning poso,yen wayah arep buka,yoiku kurang luwihe bakda magrib,adus nang kali melu ilining banyu.
-dongane adus''niat ingsun adus,adusing rogo adusing roso,kanggo angruwatkadang ingsun sedulur papat lima pancer,dumunung ing badan ingsun dewe,kakang kawah,adi ari-ari ,getih,puser lan sak kehing kadang insun kang metu ing marga ina,sarta kadang ingsun kang metu bareng sadino,kabeh pada sampurna,nirmala ing kahanan jati kalawan kodrat-Sun''.
  donga di woco kaping telu,nembe mulai adus.aduse ora kena nyeplak banyu,amung slulum wae koyo patrap yen lagi nyipta.
-Sak wising rampung 3 dina,bjur di wiwiti Mijil.
   TATA CARA MIJIL
-golek panngonan kang adoh saka deso/pawongan/kewan angon.amarga yen cedak karo sak kabehing mau,umpomo kasil anggone mijil,yen cedak bayi nangis,wanita ngandut langsung lairan,kewan meteng langsung brojol.
Ing mengko yen kadang pribadi wis podo arep metu/pangihan,rasane awak mengkorok(mrinding)kabeh,ugo sak awak kroso loro kabeh,lan umbel karo iler metu trus koyo wong lagi gurah.
-yen wis nemoni koyo mengkono,bathin di tajemke,kanggo krasakke  tumekane/mawujude kadang pribadi.
  ..PATRAPE MIJIL LAN DONGANE
   >Patrap semedi,sikil ora keno temumpang ,tangan manembah nang duwur,rai madep nang ngarep(mripat ora keno merem)
Donga kang kawaca''Duh gusti,lumantar kadang pribadikula,kula ngaturaken sedaya lepat nyuwun pangapunten,selajengipun kulo nyuwun dipun panggihaken marang pengeran kulo ingkang sejati''.(megeng napas)
Sak wise iku bajur…
  >1.tangan manembah nang ngarep dadha
Dongane''bopo biyung ing ndalu punika ,kula ngaturaken sedaya lepat nyuwun pangapunten,selajengipun kulo nyuwun dipun panggihaken marang pangeran kulo ingkang sejati(megeng napas).
Sak wise iku bajur…
  >2.tangan di dokok sak duwure dengkul..(patrape panyuwunan/dedonga)
Dongane''Kadang pribaku kabeh metua aku jaluk di temokke marang pangeranku kang sejati.
Sak wise banjur..
  >3.rai di adepke mudun/mangisor,lambe/cankem di plongohke/mengo…
Dongane''pangeran sejati jumedulo kulo nyuwun pangapuro….''diwoco trus-an kanti diresepi nang ati,nganti kelakon pajankane yo iku ketemu/ditemoni ''kadang pribadi''.Yen kiro2 oleh 10/20 wacanan,diselani mbiji awakke dewe  ,iki unine''sedulurku kabeh opo wis akeh tenan dosaku marang kowe kabeh,nganti podo emoh nemoni aku''.(diucapke kanti reseping ati,biasane isoh ngeluh/nangis).
   <>Laku iki ora mesti langsung kasil,kabeh kelandesan rasa sabar,amarga kadang pribadi kita, ugo pgin ngrteni tekating ati lan niateng  kita.
           Mugo-mugo kawruh kang amung sak cuil iki bisa migunani kanggo para sedulur kabeh….rahayu..rahayu..rahayu..
.